Laris Manis, Temulawak Diburu Warga Kanggo Bahan Jamu

  • 4 tahun yang lalu
SEMARANG, KOMPAS.TV - Hal iki dibenerke karo salah siji bakul empon - empon ing Pasar Peterongan Kota Semarang. Kawet isu corona merbak, masyarakat podo mburu temulawak lan jahe. Lan sak ben dino panjalukan temulawak lan jahe nganthi 20 kilogram. Sakwetoro kuwi, rego temulawak saiki didol 10 ewu rupiah sak ben kilone. Sakwetoro kanggo jahe regone tembus 65 nganthi 70 ewu sak ben kilone lan rego jahe biasa regone antarane 40 nganhti 50 ewu rupiah. Nanging sayange saiki stok jahe abang utowo biasa wes mulai longko. Nek biasane empon - empon ditekakke soko sakjumlah wilayah ing Jawa Tengah koyok soko Pasar Johar Kota Semarang, nanging saiki mergo stok kewates, kepekso empon -empon ditekakke soko Malang, Jawa Timur.

#EmponEmpon #Temulawak #Jahe